11 April 2008

Sakpuniko Pados Arto Angel

"Sakjatosipun kula bade matur kaliyan Mas Tomy sampun rikala dinten Kamis wingi, nanging penjenengan dereng wangsul anggen kulo dateng sampun kaping kaleh, sakpuniko kulo bade matur nanging puniko kagem kita piyambak," pangandikan Pak Erdanuri tanggi enggal wonten kampong Sedogan ananging sampun lami wonten Banteng, anggen pindah amargi griyanipun wonten Banteng dipun pundut Pak Bekti kagem ngelar griyo, rencang kelompok ronda, piyambakipun pensiunan Bank Bumi Daya sakpuniko mbikak wande menawi enjang sadeyan wonten Peken Kolombo siang dumugi ndalunipun dipun terasaken mbikak wande wonten Terminal Condong catur, piyantunipun alus pangandikanipun, sampun yuswa ananging taksih ketingal timur sehat badanipun kados pensiunan tentara, milo bapakipun tentara mbok menawi timuripun idolanipun tentara lan remen olah raga, dumugi sakpuniko taksih giat nitih sepeda menawi tindakan wonten pundi kemawon sanajan tebih menawi piyambakan padahal wonten griyanipun wonten pit motor, wonten mobil. Mbok menawi puniko ingkang dadosaken tetep sehat lan taksih sanggup tumut ronda.


Ingkang dipun ngendikaaken Pak Er bilih piyambakipun nembe puniko asring nemu kathah paku wonten mergi prosekawanan margi papandayan mengidul margi merbabu ngetan margi gambiranom ngilen margi banteng tiga. Ingkang sepindah pikantuk setunggal gegem taksih enggal-enggal kaleh dinten candakipun satunggal gegem malih wonten ingkang sampun neyeng malah kathah ingkang ketanem wonten jeglongan-jeglongan margi, mila marginipun kathah ingkang risak , margi puniko margi kabupaten dados warga kampung namung neggo kapan bade dipun dandosi. Piyambakipun rajin anggen ngempalaken amargi margi puniko ingkang dipun liwati saben dintenipun menawi tindak makarya.
Pangandikanipun: " Pados arto sakpuniko mila angel mboten gampil. Reregan sedaya mindak, sadeyan dereng mesti pajeng, kagem kilakan malih asring nombok amargi reginipun sampun gantos, pados pendamelan mboten gampil, perusahaan kathah ingkang tutup. Ananging mbok mboten lajeng mekaten anggen usaha, kita kedah pitados dumateng Gusti Allah mesti bade maringi, lha yo mbok sing halal, mesti wonten, pertados to menawi kita taksih dipun paringi gesang mesti rejeki taksih dipun jamin. Boten dahar ulam nggih ngagem tempe lak nggih mboten wonten ingkang perso, tinimbang dahar ngage ulam kanthi usaha ingkang mboten leres, lak inggih to Mas Tomy." Kanthi nglirik jam ingkang sampun setengah sedoso Pak Er nerasaken. Ananging bade kados pundi malih lha kok ingkang drajat tukang tambal ban , lha ingkang angora DPR, Mentri lan sakpanunggalipun kemawon mboten sekedik ingkang korupsi. Menawi dipun petang mestinipun sampun cukup malah kepara tirah lho kok taksih nindakaken mekaten niko.
Dados milo moral bangsa kito puniko sampun bobrok mboten namung ingkang dados pejabat rakyatipun sami ugi, punapa mboten pratanda menawi pendidikan moral sakdangunipun para presiden ingkang jumeneng mboten sukses utawi milo pendidikan moral ingkang sampun kedah dipun ribah sistemipun amargi hasilipun inggih pawartos korupsi dados pawartos saben dinten, mboten nanung pejabat, ulama kemawon tumut mendet bagian korupsi puniko.
Kados pundi puniko sederek sedoyo ? Kulo namung sager gumujeng midengataken anggen Pak Er dongeng.

Tidak ada komentar:

Merebut Masa Depan

Masa depan sukses pasti menjadi impian setiap orang, berbagai cara diupayakan untuk mencapainya. Standard tentunya sudah ditentukan lebih a...